Februari 2009

Turkish Airlines 1951
Turkish Airlines 1951

'25 Fèbruari 2009'-Turkish Airlines Pamaburan 1951 dhawah ing Papan Anggegana Schiphol, Amsterdam, Walandi. Kacilakan punika niwasaken 9 panumpang saha awak saking ing gunggung 127 panumpang lan awak pesawat.

23-Film India-Inggris Slumdog Millionaire mimpangaken 8 piala Oscar. (sumber)

21-Wikipedia basa Indonésia sapunika sampun gadhah 100.000 artikel. Artikel kaping 100.000 punika irah-irahanipun Luck By Chance, satunggalipun filem India déning panganggé anonim (120.163.51.107).

21-Para aktivis pro-kamanungsan antawisipun Amnesty International, kagèt mireng pangandikanipun Menlu Amérikah Sarékat, Hillary Clinton prakawis hak-hak asasi manungsa ing Cinten. (sumber)

20-Kyrgyzstan meksa badhé nutup markas Angkatan Udara Amérikah Sarékat ing ngrika. Amérika nginten manawi Ruslan sajatinipun ingkang andhalangi. (sumber)

18-Wolung suster saha sopiripun tiwas dhawah ing jurang ing Kabupatèn Muara Enim, Sumatra Kidul. (sumber)

16-Kapal silem nuklir Angkatan Laut Prancis (Le Triomphant) lan Karajan Manunggal (HMS Vanguard) tabrakan ing nalika tanggal 4 Fèbruari, nanging ngantos sapunika dipunrahasyakaken. (sumber)

13-Pulitikus Walandi Geert Wilders ingkang gadhah kekarep nedhahaken filem anti-Islam Fitna dipunpenging mlebet Karajan Manunggal lan kedah langsung wangsul menyang Walandi malih. (sumber)

12-Montor mabur Continental Airlines Pamaburan 3407 dhawah ing Clarence Center, New York, AS niwasaken 48 jiwa salebeting pesawat lan 1 ing siti. (sumber)

12-Satelit AS (Iridium 33) lan Ruslan (Kosmos-2251) tabrakan ing antariksa. (sumber)

11-Morgan Tsvangirai dilantik dadi Mahamantri Zimbabwe.

9-Kurban alas-alas sing kobong ing Australia dadi saya mundhak. Saiki wis ana 135 jiwa sing tiwas. (sumber)

7-Alas-alas sing kobong ing Australia niwasaké welasan jiwa. (sumber)

5-Républik Indonésia saiki ndarbèni Atlas Resmi. Atlas resmi sing sadurungé dianggo ya iku Atlas Resmi Hindia-Walanda weton taun 1938. (sumber)

4-Para ngèlmuwan nemu fosil ula gedhé sing nganti saiki ditepungi ing tlatah lor-wétan Kolombia. (sumber)

3-Ketua DPRD Provinsi Sumatra Lor, Aziz Angkat, tiwas dikroyok massa démonstran ing Medan. (sumber)

2-Gunung Asama (gambar) njeblug lan njalari sapérangan Tokyo udan awu. (sumber)


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy